Nadzam Fikih Karya KH. Nawawi Abdul Aziz Al-Hafidz


NADZOM FIQIH KH. NAWAWI ABDUL AZIZ(PP.ANNUR Ngrukem, YOGYAKARTA)
 
Bismillaahirrohmaanirrohiim....

Mugi ALLAH paring rohmat
Salam ing nabi pungkasan
Nuli kluargo sohabat
Lan anggota malam selasan

Agomo telu rukune
Iman islam lan ihsane
Lakonono supayane
Becik lahir lan batine

Rukune Agomo

Nem werno rukune iman
Siji iman marang ALLAH
Loro iman malaikat
Telu iman kitab ALLAH

Papat iman poro Rosul
Limo iman dino akhir
Nenem iman marang pesten
Olo bagus saking ALLAH

Rukune Islam

Limo rukunipun Islam
Syahadat Sholat lan Siyam
Zakat Haji yen kuwoso
Sarto dalane sentoso

Kang Aran Ihsan

Ihsan iku lakon bagus
Tepo sliro ra kementhus
Atine ikhlas lan lurus
Pangucape sarwo alus

Nyembah marang ALLAH nyoto
Koyo weruh kasat moto
Ra orane kudu ngroso
ALLAH iku tansah perso

Perinciane Rukun Islam (Syahadat)

Tegese Syahadat kudu
Ngandel lan ngucap asyhadu
An la illaha illallah
Muhammadur Rosulullah

Ora ono kang dak sembah
Kejobo mung gusti ALLAH
Lan Muhammad bin `Abdillah
Iku utusane ALLAH

Syarat Wajibe Sholat

Wong mukallaf iku tamtu
Wajib sholat limang wektu
Wajib mrintah anak putu
Purih sholat limang wektu

Sholat kanthi berjama`ah
Iku ganjarane tambah
Tikel pitulikur faedah
Tinimbang tanpo jama`ah

Syarat Sahe Sholat

Limo syarat sahe Sholat
Siji manjing wektu tepat
Loro kudu nutup aurot
Telu kudu madep qiblat

Papat nuceni najise
Badan papan lan sandange
Lima nuceni hadase
Ingkang alit lan agenge

Perinciane Syarat Sahe Sholat

Ora dadi lamun Sholat
Durung manjing lamun telat
Disengojo wajib taubat
Sarto Qodho' ojo nekat

‘Aurote tiyang jalere
Antara dengkul pusere
‘Aurote putri liyane
Epek-epek lan rahine

Wong kang bingung arah qiblat
Iku saben arep sholat
Wajib mikir nuli sholat
Manut mantepe i'tiqad

Najis telu pirangane
Siji kang abot hukume
Loro kang enteng hukume
Telu mejono hukume

Najis abot iya iku
Najise babi lan asu
Dikumbaho kaping pitu
Kang siji dicampur lebu

Kang enteng uyuhe lare
Alit kang rupi jalere
Kang namung pohan dhahare
Durung rong tahun umure

Carane nuceni iyo
Cukup disirati toyo
Najis kang mejono kaya
Wutahan, uyuh, tahiyo

Saceng, bathang, getih, nanah
Carane nuceni kedah
Roso lan gondone miwah
Rupine ical kekumbah

Nanging suci telu bathang
Yo iwak banyu lan walang
Sarto halal kanggo madang
Ping telune bathang tiyang

Babul Wudhui

Wudhu iku nem wernane
Siji niyat ing atine
Loro masuhi rahine
Ping telu basuh tangane

Karo tumeko sikute
Ping papat ngusap sirahe
Ping limo masuh sikile
Karo nem tertib lakone

Batale Wudhu

Batalake wudhu iro
Wenehe limang perkoro
Siji metune perkoro
Saking dalan loro iro

Nanging mani ingkang metu
Ora mbatalake wudhu
Ping pindo turune uwong
Kang tanpo netepke bokong

Telu ilang pikirane
Sebab mendhem lan larane
Papat gepok senggolane
Wong lanang serto wadhone

Kang sampun sami agenge
Tanpo ono ling alinge
Kang dudu mahrom dununge
Antara wadon lanange

Ping limo ndemek farjine
Utowo ndemek dubure
Menungso klawan bathine
Epek-epek lan drijine

Mujibatul Ghusli

Perkoro kang nyebabake
Wajib adus iku nenem
Sepisan iku janabat
Sebab metu mani ladzat

Ugo sebab tetemune
Lanangan lan wadonane
Loro manak ping telune
Ngedusono wong matine

Papat haidle lamun mampet
Lima nifas lamun mampet
Nem najise badan tetep
Ning mapane ora inget

Furudhul Ghusli

Rong werno ferdlune adus
Siji niat loro harus
Kabeh kulit rambut terus
Di siramo nganti kelebus

Babut Tayammumi

Lamun ngudzur nganggo banyu Kamongko wis manjing waktu
Tayammumo kelawan lebu
Minongko gantine wudlu’

Yen ngudzure sebab tatu
Sak weneh nggoto wudlu’
Tayammumo yen wus wektu
Lan wudlu kang ora tatu

Tayammum limo fardlune
Ngaleh lebu lan niyate
Ngusap rahi lan ngusapi
Tangan loro lan tartibe

Syarat kang kasebut kudu
Di tetepi ugo kudu
Netepono rukun baku
Supoyo sah sholat iku

Arkanus Sholati

Telulas rukune sholat
Sepisan atine niat
Loro takbir, telu ngadek
Papat fatihane jejek

Limo ruku' thuma'ninah
Nem  i'tidal thuma'ninah
Pitu sujud thuma'ninah
Wolu lungguh thuma'ninah

Tahiyyat akhir songone
Lungguh akhir sedosone
Sewelas moco sholawat
Sakwuse moco tahiyyat

Rolas salam kang sepisan
Tertib rukun kang pungkasan
Jumlah limo rukun wacan
Wolu rukun penggaweyan

Ingkang aran thuma'ninah
Iku anteng tanpo obah
Kadar cukup subhanalloh
Tambah dowo tambah faedah

Sujudo ojo kesusu
Nucuk koyo pitik kelawu
Dene sahhe sujud iku
Wajib mawi nggoto pitu

Iyo batuk kang kabukak
Lan bathine epek-epek
Lan dengkul kang tan kabukak
Lan bathine deriji telapak

Batale Sholat

Dadi bathalake sholat
Kurange sak weneh syarat
Lan kurange rukun sholat
Ugo sebab moho ngucap

Obah polah nuli-nuli
Genep telu najan lali
Mangan najan mboten katah
Ugo guyu latah-latah

Piro-piro Sunnahe sholat

Mukul kang banget lan melumpat
Niat megotake sholat
Gantungake pegote sholat
Bingung ing pegote sholat

Nambahi rukun penggawe
Di sejo lan ngeri dewe
Saking imam rong penggawe
Lan disikke rong penggawe

Rong werno sunnahe sholat
Siji ab'adh loro hai'at
Dene wilangane sunnat
Ab'adh pitu ojo kelewat

Yo moco tahiyyat awal
Lungguhe tahiyyat awal
Sholawat nabi tan ketinggal
Sakwuse tahiyyat awal

Sholawat atas keluargane
Kanjeng nabi nalikane
Lungguh akhir sak ba'dane
Sholawat nabi urutane

Limo qunutipun sholat
Shubuh nenem moco sholawat
Salam ing nabi Muhammad
Serta keluarga shahabat

Sunnah hai'atipun sholat
Iyo iku sunnah ngangkat
Tangan loro teko welikat
Waktu takbir wiwit sholat

Ngangkat ugo wektu ruku'
Lan tangine saking ruku’
Waktu ngadek iyo budal
Saking tahiyyat kang awal

Dunga' iftitah sertane
Ta'awwudz ugo amine
Moco surat al Qur'ane
Tasbih ing ruku' papate

Nuli moco sami'alloh
Terusno liman hamidah
Tasbihipun sujud miwah
Robbighfirli waktu lenggah

Seru mocone fatihah
Lan Qur'an ing sholat jum'ah
Roka'at awal lan kaleh
Ing maghrib, 'isya', lan shubuh

Tumerap imam kang di anut
Lan ijen kang ora manut
Sakliyane kang kasebut
Sunnah moco lirih patut

Iftirosy ing kabeh lungguh
Lejobo naliko lungguh
Akhir mongko sunnah saguh
Tawarruk anggone lungguh

Moco takbir saben pindah
Saking saben rukun tingkah
Rahine madep sajadah
Sunnah lungguh istirohah

Moco sampurnane sholawat
Nuli dungo ba'da sholawat
Ing lungguh akhiri sholat
Salam kang kapindo tammat....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terjemah Kitab Alala dalam Bahasa Jawa dan Indonesia

Shalawat Badawiyah Kubro (An-Nurooniyah) dan Fadhilahnya

Shalawat Tasmiyah